Labels

Sunday, January 15, 2017

Sambung Rasa Java Suriname - Indonesia




Sangsaya dalu araras,

abyor kang lintang kumedap,

tiii-ti sonya tengah wengi,

lumrang gandaning puspia-aaaaa,

Kaaa-renaning pudyanira,oooo-ng,

Sang Dwija Wara mbrenge-ngeng,

lirrr-r swaraning madu branta-aaaa,

Maa-nungsung sarining kembang.”


Wau ta … ing Padepokan Sambung Rasa Java suriname Indonesia, pacrabakan “Olah Rasa”, ing dalu wau linimputan swasana ingkang tidhem-premanem, jinem-tentrem, bebasan mboten kapireng sabawaning walang salisik tuwin mobah mosiking ron-ronan, awit lampahing maruta sakala kendel. Ingkang kapiarsa naming kumriciking toya kalen ingkang mili ing sangajenging pacrabakan anambahi sengsem-ayeming raos, ing saklebeting ingkang makaten wau “Pakdhe” lenggah sinuyudan pra Mitra kang jatmika, terus kekodhar ing amben, pasuryane katon lejar bingar sumunar.
Liyeping netra kawistara “Pakdhe” nuju memuja,
Ing sakjroning rahsa jati angesthi rahayuning bawana,
Minangka panutuping pangastuthi,
Angluhurakê Asamane Gusti,
Sarwi tumenga ing tawang asesanti,
Jaya-jaya wijayanti rahayu sagung dumadi,
Wasana angunandika kanthi sabda kang mranani.

Teka semono pangunandikane “Pakdhe”, banjur mbageakê para mitra kang wus sumuyud ing amben jagongan, kang lungguh sedeku hamarikelu nunggu wejangan kang tansah tinunggu.
O, pra mitra, kene lungguh cedak kene, padha beja slamet praptamu ing pacrabakan bawa rasa iki?”,
Mundhi pangestunipun pakdhe putra saha wayah sami ginanjar wilujeng, mboten kekirangan satunggal punapa, nuwun pakdhe, sowan kulo puniki kajawi sampun kapang sanget, perlu tuwi kasugenganipun Pakdhe, saha ngaturakên sembah sungkem pangabekti”,
Sukur-sukur menawa putra wayah pada slamet, bektimu kabeh tak tampa kanthi suka pirena, pangajab pamuji mugya putra wayah tansah winengku ing suka bagya mulya saiki lan saklawase, awit Sih, Tuntunan, Pepadhang lan Pangayomaning Gusti Kang Murbeng Rat.”
Bungah seneng kabeh rahsaning pra mitra, sakbanjure “Pakdhe” ngendika mangkene; 
He para mitra, mirengna, aku bakal maringi dedongengan kang jumbuh tumrap uripmu ing bebrayan, kang kudu mbok dadekna ugeman ing kekancan, aja ngawur bliwur anggonmu golek srawung, aja katlumpe saengga kelimpe, aja butheng atimu dadine lali lan petheng, ngupaya golek kanca kang sejati, bisoa dadio kanca kang sejati uga.”
Kang sepisan kanggo purwakane dedongengan aku bakal ndongeng tanda-tanda kanca lan mungsuh, kapindo regane lan mupangate nduweni kanca, katelu berkah kamulyan, lan pungkasan kaping papat kidung kekancan
Tanda-tanda kanca lan mungsuh, ndonya iki akêh banget pawongan kang bisa dadi kanca semono uga bisa dadi mungsuhmu ing urip. Kanthi nyawang lan krungu dewe, bisa mangerteni tanda-tanda kanca lan mungsuh iku. Wong kang apik lan becik apa dene dursila lan wengis iku katon tandane, mulo kanthi tliti ngati-ati siro bisa milah-milahakê endi kang apik endi kang ala.
Regane, mupangate nduweni kanca iku gede banget, sanadjan siro kasinungan banda bandu, drajat lan pangkat apadene nembe kasrimpet ing duhkito, kabeh uga mbutuhke kanca rowang, kabeh mbutuhakê ewang-ewangan. Mulo too mulo, jejering kanca kudu bantu binantu ewang-ewangan, endi kang mbutuhakê ewangana, endi kang tlompe elikna, endi kang durung weruh duduhna, endi kang durung wanuh cedakana, amarga sliramu uga mbutuhakê deweê naliko sliramu nampa ing panandhang.”
Berkah kamulyan, sapa kang golek berkah kamulyan?”, kabeh janma, dewa lan manungsa kabeh padha pengin nduweni kamulyan, kabeh pada luru berkah kamulyan, ana kang sedeku marikelu nyenyuwun ngarsane Gusti Maha Kuwasa, ana kang tapa brata ing papan kang wingit, ing guwa-guwa, kuburan lan wit-wit gedeh, ana kang nyekel lan nggembol wesi aji, ana kang nguja hawa hardane nafsu, ana kang njupuk samubarang kang dudu duweke, dudu hak, iku kabeh mung ngudi kang aran kamulyan.
Kidung kekancan, iki kidung pangeling, siro bisa eling lan waspada, menawa kekancan iku angel rumpil yen katindaakê, jejerê kanca kudu sing apik, bisa dadi patuladan kabeh kanca rowang, kidung iki tembangna ing wayah lingsir wengi, wayah surya angslup ing bawana, kanggo pangeling kanggo pangenget, aja tlompe saben ndinane.” 





BERSAMBUNG 
"KANCA PLEG, SOBATAN LAN GEMBLEKAN"

No comments:

Post a Comment